KATEMTUANING PRACAYA
1. Karsa Paduka priyangga mugi tansah kelampahan
pra kang sabar myang pracaya temtu tampi pitulungan
Reff: paukuman kula trimah lir penget Ian pitedah
ingkang tangguh ing pangantya tan koncatan sih Paduka.
2. Gusti tuking pitulungan panglipur Ian pangayoman
sagung pitedah Paduka tan badhe kawula lawan
sihing Gusti lir samodra luber ngerobi kula
wah nyata sabda Paduka isi sih sarta kadarman.
3. Kawula nyuwun dhuh Gusti lamun manggih kasusahan
panggodha miwah panyobi kawula sageda tahan
tan kuwatos wah sumelang sih Paduka cumadhang
temah unggul kula yektos karana saking pitados.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar