KULA KEDUWUNG
1. Saestu keduwung kula dene kirang setya
dhinawuhan kinen tresna dhateng Allah wah sami,
nging tan ana buk ti adhuh Gusti nyuwun suci.
2. Saestu keduwung kula de gesang mung nglaha,
kelu pangwasaning dosa mung nguja sengseming driya,
lampah tan prayogi, adhuh Gusti nyuwun suci.
3. Saestu keduwung kula de ndlarung ing dosa,
nadyan rinoban sih rahmat nging datan enggal mratobat,
mangkotaken ati, adhuh Gusti nyuwun suci.
4. Saestu keduwung kula nglirwakken kwajiban,
mrih tuwuhing pasamuwan miwah gesanging bebrayan,
tentreming dumadi, adhuh Gusti nyuwun suci.
5. Saestu keduwung kula lamun dugeng janji,
gesang kula tan sembada nilar citraning Sang Rama,
mesthi den bendoni, adhuh Gusti nyuwun suci.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar