• Logo Restsindo

    Bentuk dan warna dari logo restsindo, logo tersebut adalah hak milik kami.

  • Rohani

    Hasil olah rasa dan pergumulan kami tentang hidup dan kehidupan

  • Bisnis

    Analisa Pasar Uang dalam Forex, analisa teknikal dan analisa fundamental.

  • Kritikan

    Kritikan memang pedas, tapi jangan lupa kita perlu kritik yang membangun. Kritik yang disampaikan pada waktu dan tempat yang tepat lebih bermanfaat.

Anda dapat mendownload Lirik KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP ( Klik disini )

KPK 1.


 ALLAH MAHA KWASA

1. Bumi dalah saisinya kang nitahken yeku Gusti
   tinalesan srana samodra tumumpang ing kali kali
   yekti Allah Maha kwasa yogya tansah pinuji puji.

2. Kang kepareng ngabyantara aneng pedaleman suci,
   kang resik tangan wah manahnya, tan nate dosa ing lathi,
   yeku tyang mursid sanyata setya tansah dumugeng janji.

3. Berkahing Pangeran tumrah mring tyang ajrih asih yekti,
   gesang tentrem rahayu tansah wit kaadilaning Gusti,
   tyang kang tansah ngudi Allah kangen Gusti rina Ian wengi.

4. Gapuraning Padaleman kangkata mrih omber sestu,
   krana Sang Ratuning kamulyan badhe langkung tindak mlebu,
   yeku Gustining kaswargan Kang Mahakawasa Allahmu.
Share:

KPK 2.


ALLAH MBABARKEN KWASANYA

1. Allah mbabarken kwasanya pra kang nglawan kasirnakna lir lilin kenging brama,
   nging gung tyang mursid raharja memuji lan sukarena ngarseng Allah Ma mulya,
   Pangeran jumeneng Rama tumrap salir tyang sangsara
   ngluwari tyang siniya temahan ngraosken begja
   dene tyang wangkot mbalela siniksa bebendunya.

2. Allah mbelani pra umat ngagem sarana mukjijad wah salir kang neng jagad,
   Pangeran ngrentahken berkah kang ngrimat sagunging titah temah kraharjan anjrah,
   wit kadarmaning Pangeran tyang tinindhes kaluwaran,
   datan wonten panandhang ing rehing ratu kaswargan,
   yeku kang wadya balanya tyang nyebar kabar adya

3. Allah ratu kaadilan wus ngasorken pra adigang temah kasurang-surang,
   nging tyang ringkih ingauban pinaringan gung kabegjan karoban kaluberan,
   Gusti miji pasucennya papan puruging manungsa, samya saos pisungsung
   konjuk mring Allah Maagung dalah kang swau mbalela nggih samya asung puja.

4. Allah Juru Slamet yekti ngentas pra umat sing pati temah samya basuki,
   para umat kang ngabekti dalah salumahing bumi samya nggunggung mring Gusti,
   sestu Allah Maha luhur yogya pinuji Ian masmur, nungkula neng ngarsanya
   wit mung Gusti Kang Makwasa, yeku kang ngganjar kamulyan wah paring kakiyatan.
Share:

KPK 3.


GUSTI ALLAH ANDEL-ANDEL SEJATI 

1. Nyawaku pujinen Allah Gusti mulyakna tansah
   slawase sinungan umur luhurna srana masmur
   krana tuking kraharjan yekti namung Pangeran.

2. Andel-andel kang sejati sajuga yeku Gusti,
   salir jalma tanpa daya kwasane enggal sima,
   tyang kang ngayom mring Allah tansah rinoban berkah.

3. Allah kang nitahken jagad kasetyane tan kendhat,
   mbela tyang kinaniaya nulungi tyang sangsara,
   njejegken kaadilan ngluwari pra lelaran.

4. Pangeran Allah Maasih ngrojongi tyang kang ringkih,
   mbombong tyang sisah manahnya nyarasken tyang kang wuta,
   tyang mursid den kasihi wah ngrukti tyang ketrini.

5. Pangeran jumeneng raja pangrehe ing slaminya,
   tan nguciwakken kang nengagya nylametken urnatnya,
   sagunging tyang pracaya ngidungna Haleluya.
Share:

KPK 4.


HALELUYA  

1. Haleluya Pangeran aneng papan pamujan
   pinujia asmanya dalah aneng akasa,
   wit Gusti Allah Makwasa kamulyannya Ma Adi
   ngungkuli kang gung edi munggwing swarga Ian ing bumi.

2. Linuhuma Hyang Agung klayan sagunging kidung,
   binarung salir gangsa wah kang ngungelken swara,
   geguritan dalah beksa makluk kang darbe nyawa,
   ngluhurna Hyang Makwasa sru ngidungna Haleluya
Share:

KPK 5


PAMUJI KONJUK GUSTI                                                              

1. Pinuji puji Gusti kang nitahken jagad raya
   Nggih siyang dalah ratri tansah luber sihrahmatnya,
   Donya gingsir wah sirna sihnya langgeng slaminya

2. Pinuji puji Gusti nggih Allah kang Mahamirah,
   pra umat kang ngabekti tinuwukken klayan berkah,
   salir ingkang pinanggya dados margining begja.

3. Pinuji-puji Gusti Hyang Maluhur Mahasuci,
   kang nucekken manungsa srana tinebus sing dosa,
   wah tinuntun mring swargi mrih kraharjan sejati.
Share:

KPK 6.


PAMUJI ING PANGIBADAH 

1. Dhuh Allah Ma suci kula asung puji ing pangibadah puniki
   agung kamulyanta ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya
   pinuji Hyang Widi kang siyang lan ratri ngreksa lan ngrimati.

2. Dhuh Allah Makwasa kanthi trusing driya, kawula nlangsani dosa,
   mugi angapunten sarta nucekaken, temah gesang kula ayem,
   pinuja Sang Rama kang ngutus Sang Putra, jumeneng Pamarta.

3. Dhuh Allah Mamirah sru adrenging manah kula sami nyadhong berkah,
   nggih sabda kang suci sabdanipun Gusti, kang paring gesang sejati,
   pinuji Roh Suci kang ngenggalken budi, nilar gesang lami.

4. Dhuh Allah Maluhur kula saos sokur dalah pisungsung kang katur,
   bandha sarta badan miwah kasagedan, dadosa kurban kang gesang,
   pinundhi Roh Suci ingkang mbereg ati, bekti dhateng gusti.
Share:

KPK 7.


PUJI KONJUK ALLAH 

1. Puji konjuk Allah Rama puji konjuk Sang Putra
   puji konjuk Sang Roh Suci Juru slamet sejati,
   Haleluya, Haleluya Juru slamet sejati.

2. Pinuji Ratuning swarga Gustine pra manungsa,
   nggih Ratuning pasamuwan Ratu sumbering gesang,
   Haleluya, Haleluya Ratu sumbering gesang.

3. Pinuji Allah Makwasa kang nitahken jagad rat,
   wah milujengken manungsa krana gunging sih rahmat,
   Haleluya, Haleluya krana gunging sih rahmat.
Share:

KPK 8.


ALLAH MAASIH
                                                     
1. Allah Ma asih asung putranya Allah Maasih mring manungsa.
   mila kula ngidung Allah Ma asih Allah Ma asih mring manungsa.

2. Gusti ingutus dadya pamarta, Gusti ingutus nebus kula.
   mila kula ngidung Allah Ma asih Allah Ma asih mring manungsa.

3. Gusti Pamarta nombokken nyawa, Gusti Pamarta mbirat dosa.
   mila kula ngidung Allah Ma asih Allah Ma asih mring manungsa.

4. Gusti marasken salir prihatin, Gusti nyirnakken ajrih kwatir
   mila kula ngidung Allah Maasih Allah Ma asih mring manungsa.

5. Kula sinungan tentrem raharja, kula sinungan pangaksama.
   mila kula ngidung Allah Ma asih Allah Ma asih mring manungsa.

6. Kula sinungan gesang sejati, Kula sinungan kraton swargi
   mila kula ngidung Allah Ma asih Allah Ma asih mring manungsa.
Share:

KPK 9.


PAMUJI KONJUK ALLAH MA AGUNG 

1. Puji sokur lan panggunggung konjuk mring Hyang Ma agung
   kang nitahken jagad raya wah langgeng kasetyannya
   makluk wrata rinimatan krana sihing Pangeran
   jagad tentrem lan raharja lamun manut pangrehnya

2. Surya, candra Ian pra lintang samya nyunarken padhang,
   peksi ngoceh mawurahan wah sato kewan girang,
   tetuwuhan ngumbar sekar sarta asung woh-wohan,
   sadaya sami memuja mring Allah Kang Makwasa.

3. Puji sokur Ian panuwun konjuk Allah Mamulya,
   kang sampun paring pitulung mring pra manungsa dosa,
   kang panggah sami pracaya mring Panebus sejati,
   mesthi wilujeng, raharja, mulya langgeng ing swargi.
Share:

KPK 10.


ALLAHE PARA PRACAYA

1. Allahe para  pracaya ing sadhengah jaman,
   yeku pangauban kita tuking kasampurnan.

2. Aneng ngarsaning dhampamya papan katentreman,
   panyuwun kang bener hyata mesthi kaleksanan.

3. Sajagad raya dumadi karana sabdanya
   para titah angakeni kwasane Pangeran.

4. Allahe para pracaya lumintu pangrehe
   mring sakehing kagungannya langgeng pangrumate.
Share:

KPK 11.


SIH KAWELASANIPUN ALLAH    

1. Kula sami kekempalan memuji dhateng A1lah
   kang Maha asih Maha wlas ring sakehing tumitah.

2. Agung kanugrahanipun kang maring para umat agung
   palimirmanipun mring tiyang kang mratobat.

3. Ngantos kang putra kinasih ingutus dhateng donya
   awit sihe Allah inggih sinungken mring manungsa.

4. Supados sawaminira tetiyang kang pitajeng
   mring Kang Putra sampun sima nging sinung gesang langgeng.
Share:

KPK 12.


YESUS SANG PANGEN SEJATI 

1. Gusti Yesus Pangen kula, kula menda kagungannya
   dennya nebus klayan rahnya mrih kula gesang slaminya.

2. Sang Kristus Pangen utama kang sampun ngetohken nyawa,
   nebus kula saking doss wah nuntun kula mring swarga.

3. Gusti ngayomi mendanya inguwalken sing rubeda,
   mrih tan tiwas ing panandhang nging tansah manggih kabegjan.

4. Gusti ngempalken mendanya kadadosaken sapantha,
   kinen gesang atut rukun mbangun turut Pangenipun

5. Gusti ngreksa pra mendanya klayan astanya kang rosa,
   lamun wonten kang ketriwal den luru mrih datan ical.
Share:

KPK 13.


AKU DUWE PAMARTA  

1. Aku duwe Pamarta Yesus Kristus asma-nya
   kang wus ngurbanken sarira ngruwat aku sing dosa,
Refr. duwekku duwekku Gusti Yesus Pamartaku dak puji trusing kalbu.

2. Aku duwe Pamarta satuhu ing kasetyan,
   yen aku nyangga panandhang pinaringan karosan,
Refr. duwekku duwekku Gusti Yesus Pamartaku dak puji trusing kalbu.

3. Aku duwe Pamarta putreng Allah pribadya,
   yen aku karoban susah tinunggil mrih tan lesah,
Refr. duwekku duwekku Gusti Yesus Pamartaku dak puji trusing kalbu.

4. Aku duwe Pamarta salaminya pangrehe,
   lamun pepeteng nglimputi Gustiku kang ngluwari,
Refr. duwekku duwekku Gusti Yesus Pamartaku dak puji trusing kalbu.

5. Aku duwe Pamarta sih rahmate tan kendhat,
  yen aku tumibeng dosa den tuntun mring pitobat,
Refr. duwekku duwekku Gusti Yesus Pamartaku dak puji trusing kalbu.
Share:

KPK 14.


ALLAH MAHA SUCI  

1. Suci, suci, suci, pinuji Hyang suci Allah Maha mulya kang jumeneng Raja,
   suci suci suci pinundhi Hyang Widi titah sadaya bra muji samya.

2. Suci, suci, suci pujining pra suci angumandhang sora ngebeki akasa,
   pra mlaekat sami sujud angabekti,ngidung tan kendhat mring Kang Mengkurat.

3. Suci, suci, suci, Allah Mahasuci gumuruhing kidung nggunggung-nggunggung Gusti,
   tetalesing bumi gonjing dening puji, pra makluk wrata girang memuji.

4. Suci, suci, suci, nggih Gustining gusti, anglairken srira tumedhak mring donya,
   nucekken manungsa kang pitados yekti, yogya pinuji langgeng slaminya.
Share:

KPK 15.


PANGGUNGGUNG MRING PANGERAN 

1. Dhuh Pangeran Yehuwah kula ngaturken sembah
   klayan bingah ing driya nggunggung Asma Paduka
   kang Ma luhur Ma mulya Gustining makluk samya.

2. Dhuh Sang Yehuwah Gusti Paduka kula puji
   ing dalu dalah rina agung sih kawlasanta
   luber berkah Paduka tumrah mring titah wrata

3. Dhuh Yehuwah Pangeran kawula ngidung girang
   wit-sih rahmat Paduka kula samya waluya
   luwar sing rehing pati sinungan gesang yekti.
Share:

KPK 16.


PUJI MRING ALLAH KANG MAHA WISESA   

1. Puji mring Allah Pangeran kang Maha wisesa
   muji ramya binarung lan sawernining gangsa
   pangidungnya klayan bingah ing manah nggunggung Gustining pratitah.

2. Puji mring Allah kang sestu adil pangrehira,
   ngreksa Ian ngrimati srana lubering berkahnya,
   nging saklangkung gung sihnya mring tyang dosa, tinebus temah waluya.

3. Puji mring Allah kang sung tentrem raharja nyata,
   tansah ngganjar begja mring tyang kang sestu pracaya,
   andel-andel wah pepadhang satuhu, pujinen Ian trusing kalbu.
Share:

KPK 17.


PAMUJI KONJUK MRING ALLAH 

1. Pinuji Allah Sang Rama kang nitahken. jagad raya
   wah tansah nglestantuna sung mangsa jawah ketiga
   nenanem panenan uga alam runtut tinata.

2. Pinuji Allah Sang Putra kang nylametken gung manungsa
   paring tentrem raharja sumrambah pra makluk wrata
   luwar sing pangrehing dosa dadya Pirdus sadonya.

3. Pinujia Sang Roh Suci yeku kang nganyarken ati
   temah mursid sayekti nggih rukun klayan sesami
   wah asih mring alam ugi bawana ayu edi.

4. Dhuh Rama, Putra, Roh Suci tetiga tunggil Hyang Widi
   pinujia pinundhi samukawisnya sampurna
   krana pakaryan Paduka Dhuh Gusti "maranatha".
Share:

KPK 18.


 SIH KAMIRAHANIPUN ALLAH 

1. Sihe Allah gung sanyata mring kawula tyang dosa
   sing bangsa sanes umatnya ingangkat dados putra
   tinebus Sang Kristus Gusti gesang anyar sayekti
   nindakna pakarti luhur yeku tandhaning sokur.

2. Sih nugrahaning Pangeran pinaringken lahanan
   tan wonten dosa duraka kang datan ingapura
   nging tyang kang wangkot ing ati pracaya mung ing lathi
   pinagas saking sih rahmat sangsara ing akherat.

3. Sihing Allah sestu adya mulyakken tyang pracaya
   mrih dados rowangnya tansah mbabar kratoning Allah
   olah tresna trusing manah tentrem rarja sumrambah temah
   Allah kaluhurna samangkya lan slaminya.
Share:

KPK 19.


ANGLUHURKEN ALLAH 

1. Swawi sami muji Allah Pangeran Maha wlas
   Kang tansah ngluberken berkah, Pangeran Maha wlas
   Rinten dalu datan kendhat tansah njangkung mring pra umat
   swawi muji Kang Murbeng rat Pangeran Maha wlas

2. Tan males dosa duraka Pangeran Mahawlas
   nging ngegungken sih apura Pangeran Mahawlas
   putranya yeku Sang Kristus kang dados kurban panebus
   swawi muji kanthi tulus Pangeran Mahawlas

3. Swawi olah tresna' tansah Pangeran Mahawlas
   pratandha sokur mring Allah, Pangeran Mahawlas
   swawi gesang mursid yekti tinulungan Sang Roh Suci
   nulad ing tindaking Gusti Pangeran Mahawlas.
Share:

KPK 20.


PANGGUNGGUNG KONJUK MRING PANGERAN 

1. Pangeran Ma mulya yogya kula puja
   dene agung kadarmannya kang sumrambah mring kula
   datan wonten timbangannya tan kendat lumintunya
   Pangeran Ma mulya, yogya pinuja, (2X)..

2. Pangeran Mamulya yogya kula puja
   dene karsa maringaken Putranipun pribadya
   dinadosken Juru slamet miwah Pamarta kula,
   Pangeran Mamulya yogya pinuja (2X).

3. Pangeran Mamulya yogya kula puja
   de tan karsa malesaken sagung klepatan kula .
   malah dipun sucekaken sarta ingangkat putra
   Pangeran Mamulya yogya pinuja (2X).
Share:

KPK 21.


PALIMIRMANIPUN ALLAH 

1. Gusti kula ingkang wontening swarga
   pinujia Paduka ing slaminya
   sestu  agung sih palimirmanta
   haleluya, Haleluya

2. Gusti rawuh manjalma aneng donya,
   awit welas nebus gunging tyang dosa,
   rinukunken lan Allah Sang Rama,
   Haleluya, Haleluya.

3. Gusti seda krana kula tyang dosa,
   de wungune panjer gesang sanyata,
   mila kula mituhu dhawuhnya,
   Haleluya, Haleluya.
Share:

KPK 22.


KASAMPURNANIPUN GUSTI 

1. Kula nggunggung-nggunggung Gusti
   sesembahan kula sejati, tanpa cela sestu suci,
   sabdanya dados panutan, tindaknya dados patuladhan,
   tyang ngupados kayektosan
   suyud mring Sang Rama, nglabuhi manungsa,
   wit tresnanya trusing driya tulusnyata, rila ngurbanken sriranya.

2. Gusti ngundhangken pawarta luwarira
   tyang miskin papa, sing sangsara mrih raharja,
   nggih pangentasan sanyata kang tinindhes Ian kinunjara,
   pulih harkat martabatnya, tyang kang nandhang raga
   samya den sarasna, wah mbabama tahun yobel taun adya,
   nggih sih rahmating Sang Rama.

3. Duk Gusti siniya-siya,
   siniksa lan sinalib seda, tan males srana piala,
   mring tyang kang sengit mengsahi malah winales tresna yekti,
   kadongakna mrih basuki,
   Yesus Gusti kula manungsa sampuma;
   nyantosakna greja dalah tyang pracaya,
   nulad ing kasampurnannya.
Share:

KPK 23.


TANSAH SAOS SOKUR MRING GUSTI 

1. Kula ngaturken sembah bekti de Gusti tansah mberkahi,
   sadinten-dinten nambut kardi kanthi temen lan taberi,
   abot entheng datan nggresula leladi kang trusing driya,
   wohe rejeki sing Ma luhur tinampi lan puji sokur.

2. Kula memuji datan kendhat mring sihe Allah murbeng rat,
   wanci enjing surya sumunar mulyaning alam ginelar,
   tetuwuhan mawarni-warni wah kewan ngebaki bumi,
   sing tilem ngaso kula tangi nindakken karsaning Gusti.

3. Kula ngluhurken mring Pangeran kang tansah ngganjar kabegjan,
   ing dalu peteng lelimengan wah abyor lintang rembulan,
   kula tilem ngaso myang lena nging astane Gusti ngreksa,
   kula mesthi manggih wilujeng wah ing manah ayem tentrem.
Share:

KPK 24.


PANGGUNGGUNG KONJUK MRING GUSTI  

1. Swawi prakanca kang sami pracaya
   Den sora sora angalembana
   mring Gusti kita kang Maha wilasa.

2. Sihing Pangeran mring kita pra umat,
   tanpa wilangan wah tanpa kendhat,
   yogya pinuji Ian pinundhi-pundhi.

3. Kita tyang dosa nging Allah ngaksama,
   krana Kang Putra sinalib seda,
   wit sihing Gusti kita dados suci.

4. Sihing Pangeran yogya den timbangi,
   srana kasetyan tresna wah bekti,
   nyaosken badan dados kurban gesang.

5. Swawi pra suci temen anglampahi,
   prentahing Gusti, Gusti prajanji, tansah nulungi
   srana Sang Roh Suci.
Share:

KPK 25.


NGABEKTI MRING GUSTI     

1. Swawi pra suci nyawiji tunggal Ati
   sami ngabekti memuji mring Gusti
   Ajrih sumelang sedhih Ian kasangsaran
   ginantos kabegjan sihing Pangeran.

2. Ngidung tan kendhat sru nggunggung Kang Murbengrat,
   ngetung mukjijad Ian sagung sih rahmat,
   lubering berkah sing swargi tansah tumrah,
   nyantosakken manah nyirnakken semplah.

3. Tansah ndedonga sumarah mring Sang Rama
   miwah rumantya nglawan mring panggodha,
   pra tyang pracaya klayan saeka praya,
   silih mbiyantonana amrih jaya.
Share:

KPK 26.


 PUJI PANUWUN  

1. Sumangga prakanca marek ngarsaning Gus ti
   anggunggung asmanya wit sihe kang sejati
   de krana Kang Putra ki ta tansah begja
   siyang dalah ratri Gusti kang ngrimati

2. Yehuwah Makwasa kang paring kabingahan,
   Ian tentrem raharja dugeng jaman klanggengan,
   krana Yesus Gusti maringken Roh Suci,
   kita dados panggah mituhu mring Allah.

3. Sagunging pamuji konjuk ngarsaning Gusti,
   kawula anggunggung kanthi sruning pangidung,
   Allah ingkang murba pra titah sadaya,
   mung Allah pribadya langgeng salaminya.
Share:

KPK 27.


ASMANE GUSTI KULA                                                            

1. Neng kasa ngumandhang asma sajuga
   Kang anepangaken  jagad lan swarga
   datan wonten asma kados punika
   kang kwasa nyirnakken pangrehing dosa
   napa sami dereng wanuh
   yeku  Gusti  Yesus Kristus asmane.

2. Wus pantes asmane Ian pakaryane,
   rawuhe ing donya wit gunging sihe,
   nebus tiyang dosa, sinalib seda,
   gya wungu nyawisken swarga mring kula,
   napa sami dereng wanuh,
   yeku Gusti Yesus Kristus asmane.

3. Sang Kristus samangke ngratoni swarga,
   ngasta pangwasane Allah Sang Rama,
   ngadili jagad ing mbenjing rawuhe,
   kula pareng ndherek ing kamulyane,
   yeku Kristus Sang Pamarta,
   punika asmane panutan kula.
Share:

KPK 28.


SOWAN MRING GUSTI                                                              

1. Sumangga sowan Gusti, Haleluya, srana kidung pamuji, Haleluya.

2. Tyang pracaya nyawiji, Haleluya, ing tresna tulus yekti, Haleluya.

3. Pujekna gung panggunggung, Haleluya, kidung konjuk Hyang Agung, Haleluya.

4. Asmane den suwurna, Haleluya, wit luber sih setyanya, Haleluya.

5. Tilingna sabdeng Gusti, Haleluya, klawan pracaya yekti, Haleluya.
Share:

KPK 29.


KAMULYANIPUN GUSTI                                                            

1. Adhuh Gusti lamun kula nyipati lintang abyor ing dalu kang sepi
   wah gumlegering gludhug ing akasa ku la ngungun gunging kamulyanta
reff : nyawa kula gya sumyak sung puja yekti Allah Maha kwasa
        nyawa kula gya sumyak sung puji yekti Allah Maha kwasa.

2. Lamun nlasak tengahing wana wasa sato peksi kekidungan ramya,
   wonten ngare dalah ing ardi ugi, bra gumelar sesawangan adi,
reff : nyawa kula gya sumyak sung puja yekti Allah Maha kwasa
        nyawa kula gya sumyak sung puji yekti Allah Maha kwasa.

3. Yen siniram ilining samirana wah tinempuh ombaking samodra,,
   ngganda sekar kang arum miwah endah  manah ngungun wit gunging pra titah
reff : nyawa kula gya sumyak sung puja yekti Allah Maha kwasa
        nyawa kula gya sumyak sung puji yekti Allah Maha kwasa.

4. Klangkung ageng gunging sih susetyanta, kang ngurbanken Sang Kristus, Sang Putra,
   sinalibken, seda tedhak mring nraka, mrih manungsa basuki slaminya
reff : nyawa kula gya sumyak sung puja yekti Allah Maha kwasa
        nyawa kula gya sumyak sung puji yekti Allah Maha kwasa.
Share:

KPK 30.


PUJINEN HYANG MAKWASA                                                      
1. He pratitah sadarum samya ngrepekna kidung
   konjuk Hyang Makwa sa kang gunging sih susetya Haleluya,  Haleluya.

2. Pujinen Hyang murbeng rat, Gusti kang gung sih rahmat,
   ngreksa Ian ngayomi, ngrumati mrih lestari, Haleluya, Haleluya.

3. Allah kang Mawilasa wus nylametken manungsa,
   slaminya pinuja, wah tansah pinundhia, Haleluya, Haleluya.
Share:

KPK 31.


PINUJIA ALLAH 

1. Pi nujia tansah Allah Mamirah kang gung tresnanira mring salir titah
   tyang dosa dura ka sinung apura ti nebus sing pati temah basuki
reff : luhurna mulyakna Gusti Sang Pamarta luhurna mulyakna Pangruwating dosa
        pasrah maring Allah srana pracaya margining waluya tentrem raharja.

2. Pinuji slaminya Allah Matresna, kang ngegungken sabar mring tyang kang mblasar,
   nuntun mring pitobat srana sih rahmat, mrih tyang mursid yekti sinung Roh Suci,
reff : luhurna mulyakna Gusti Sang Pamarta luhurna mulyakna Pangruwating dosa
        pasrah maring Allah srana pracaya margining waluya tentrem raharja.

3. Pinuji tan kendhat Allah murbeng rat, kang nunggil wah ngreksa mring kagungannya,
   tyang bekti lan setya sinung nugraha, gesang langgeng nyata neng kraton swarga,
reff : luhurna mulyakna Gusti Sang Pamarta luhurna mulyakna Pangruwating dosa
        pasrah maring Allah srana pracaya margining waluya tentrem raharja.
Share:

KPK 32.


SEMBAH BEKTI KONJUK GUSTI   

1. Sembah bekti wah puji konjuk ngarseng Gusti
   kang mberkahi grejanya temah tansah begja
   Injil kratoning Allah ingundhangken sumrambah
   asmanya kamulyakna dening sagung bangsa.

2. Sagung kidung kamulyan konjuk mring Pangeran,
   dalah pisungsung sokur wit berkahe mancur,
   wah pangengennya nyata yogya pra umat setya,
   asmanya kamulyakna dening kagungannya.

3. Salir kidung panggunggung konjuk Hyang Maagung,
   tansah sung pitulungan maring pasamuwan,
   nadyan panggodha nempah rineksa mrih tan dhawah,
   asmanya kamulyakna dening tyang pracaya.
Share:

KPK 33.


SAWERNANING PUJI 

1. Sawernaning puji kanthi trusing ati mring Allah kang Maha mirah
   dening sagunging tumitah wit tansah rinoban berkah.

2. Saliring panuwun dalah masmur kidung,  mring Allah tuking gung berkah,
   dening kang samya pracaya  wit sinung tentrem raharja.

3. Sagunging panggunggung dalasan pisungsung,  mring Allah Gustining titah,
   dening saliring pra umat  wit rinentahan sih rahmat.

4. Sakathahing sokur srana lampah luhur,  mring Gusti yeku Hyang Widi,
   dening sagung pasamuwan  wit rinoban ing kabegjan.
Share:

KPK 34.


SUNG SEMBAH PUJA 

1. Allah Kang Ma kwasa yekti gung tresnanya jumeneng Pamarta kang ngruwat dosa
   salir tyang pracaya luwar sing antaka lamun tansah setya mlebet mring swarga.
Reff  sung sembah puja konjuk Sang Rama kang paring nugraha tentrem raharja
      sung sembah bekti konjuk mring Gusti kang paring basuki nggih gesang yekti.

2. Gusti kang Mamirah ngrentahken gung berkah, tyang nandhang sangsara manggih waluya,    saliring pra umat tan kendhat rinimat, srana peparingnya nadyan prasaja,
Reff  sung sembah puja konjuk Sang Rama kang paring nugraha tentrem raharja
      sung sembah bekti konjuk mring Gusti kang paring basuki nggih gesang yekti.

3. Rama kang Maagung kang paring pitulung, nglipur manah sisah mrih datan semplah,
   njangkung kagungannya temah tansah begja, gesang mursid yekti dumugeng janji,
Reff  sung sembah puja konjuk Sang Rama kang paring nugraha tentrem raharja
      sung sembah bekti konjuk mring Gusti kang paring basuki nggih gesang yekti.

4. Pangeran murbeng rat ngluberken sih rahmat, mbelani tyang leres saking panindhes,
   nunggil tyang pracaya temahan santosa, ngundhangken Injilnya wrata sadonya,
Reff  sung sembah puja konjuk Sang Rama kang paring nugraha tentrem raharja
      sung sembah bekti konjuk mring Gusti kang paring basuki nggih gesang yekti.
Share:

KPK 35.


KAMIRAHANING GUSTI 

1. Puji konjuk Allah Kang Maha mirah
   ing rinten dalah ratri nggih tansah ngganjar berkah
   mring tyang mursid wah mursal tan ana kang ketriwal

2. Puji lan panuwun mring Hyang Maagung,
   ngganjar berkah mirunggan,
   mring tyang ingkang pracaya,
   yeku kawilujengan sarta tentrem raharja.

3. Puji sarta sokur mring Kang Maluhur,
   de ngganjar berkah adi,
   mring tyang ingkang ngabekti,
   winuwuhan sih rahmat pangrimatnya tan kendhat
Share:

KPK 36.


GUSTI RAWUHA

1. Mugi rawuha dhuh Rama mugi  rawuha dhuh Rama
   mugi rawuha dhuh Rama dhuh Rama rawuha.

2. Kula memuja, dhuh Rama, kula memuja, dhuh Rama,
   kula memuja, dhuh Rama, dhuh Rama, rawuha.

3. Kula nyawiji, dhuh Gusti, kula nyawiji, dhuh Gusti,
   kula nyawiji, dhuh Gusti, dhuh Rama, rawuha.

4. Kula ndedonga, dhuh Allah, kula ndedonga, dhuh Allah,
   kula ndedonga, dhuh Allah, dhuh Rama, rawuha.

5. Kula sung sembah, dhuh Allah, kula sung sembah,
   dhuh Allah kula sung sembah, dhuh Allah dhuh Rama rawuha.
Share:

KPK 37.


PANGGUNGGUNG WIT SIHING GUSTI

1. Kula samya tetunggilan ngabekti  mring Pangeran
   wit sinungan kacekapan wah bagas kesarasan
reff: ku la tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti
      wit ingayom ing sihira sestu  tentrem raharja

2. Kula rinoban ing begja rinten dalu tan kendhat,
   ing lelampahan prasaja dalah srana mukjijad,
reff: ku la tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti
      wit ingayom ing sihira sestu  tentrem raharja

3. Kula rinimat ing Gusti srana sagunging titah,
   mangsa kang silih gumanti samukawis mung endah.
reff: ku la tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti
      wit ingayom ing sihira sestu  tentrem raharja

4. Kawula nggih binerkahan lantaran mitra kadang,
   sumanaking pitepangan tan wonten memengsahan,
reff: ku la tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti
      wit ingayom ing sihira sestu  tentrem raharja
Share:

KPK 38.


HALELUYA PUJI GUSTI

1. Pinuji Gusti kang nitahken jagad siyang ratri tan kendhat ngganjar sih rahmat.
Reff : Haleluya sagung puji tansah konjuk Gusti Haleluya sagung bekti mring ratu swargi.

2. Pinuji Gusti Sang Juru Basuki kang ngurbanken sarira nebus manungsa.
Reff : Haleluya sagung puji tansah konjuk Gusti Haleluya sagung bekti mring ratu swargi.

3. Pinuji Gusti yeku Sang Roh Suci kang nuntun ing kraharjan wah kasampuman.
Reff : Haleluya sagung puji tansah konjuk Gusti Haleluya sagung bekti mring ratu swargi.
Share:

KPK 39.


KAMULYANING PANGERAN

1. Langit tansah nyariyosken kamulyane Hyang Magung
   wah akasa mratelakken yasaning astanipun
   rinten dalu tan kendhat wartanya ngebeki rat.

2. Sanadyan datan wicanten tan wonten tetembungan,
   nging samangsa den tilingken tansah nggunggung Pangeran,
   paseksinya nyrambahi ing salumahing bumi.

3. Pangeran murbeng jagad rat kang ngrimati pra titah,
   surya kang mlampah tan kendhat nggih krana rehing Allah,
   saliring kang dumadi nelakken sihing Gusti.

4. Mugi Gusti.nggih karenan isining manah kula,
   gung panggunggung mring Pangeran pangayoman sanyata,
   pinujia tan kendhat Panebusing pra umat.
Share:

KPK 40.


YEHUWAH ALLAH KULA

1. Sang Yehuwah yeku Allah kula
   karsa anglanting tangan kawula
   ses tu Allah dados karosan kula
   mila tansah kawula tresnani.

2. Sang Yehuwah yeku Allah kula
   kang nyembadani panyuwun kula,
   mila dhawuhipun:"lah kumandela,
   Ingsun datan negakaken sira".

3. Sang Yehuwah yeku Allah kula
   tan males durakaning manungsa,
   mila dhawuhira:"lah umareka
   Ingsun kagungan sih palimirma.
Share:

KPK 41.


NYUWUN PANGAPURA

1. Dhuh Yehuwah nyawa kula ngantos antos Pangeran,
   kawula kaluwarana sing tyang remen mengsahan,
   wah katedahna margi bebener Paduka Gusti,
   mung Paduka pribadya sumbering tentrem raharja.

2. Dhuh Yehuwah ngengetana mring sih palimirmanta,
   wiwit jaman purwa mila Gusti gung ing apura,
   ngruwata dosa kula nadyan ageng saha kathah,
   nyawa kula rineksa wit sih kadarmaning Allah.

3. Allah Maadil Ian sae tan ngegungken bebendu,
   tyang kang kesasar uripe tinuntun tobat sestu,
   marginya mung katresnan bebener sarta kasetyan,
   tumrap tyang setya yekti netepi sabdaning Gusti.

4. Dhuh Allah mugi ngapura krana asma Paduka,
   mripat kula tansah nenga ngadhang sih kawlasanta,
   kawula nandhang awrat kepencil sarta kesrakat,
   mugi kaluwarana mrih kula tentrem raharja.
Share:

KPK 42.


PAMRATOBAT SING DOSA

1. Dhuh Allah, Rama, ngluberna sih mirma,
   kawula nglenggana gunging dosa kula,
   Gusti Ma kwasa, nyuwun apura, temah gesang nyata

2. Dhuh Yesus, Gusti, karsaa melasi,
   kula sestu tobat ngorong mring sih rahmat,
   Yesus, Pamarta, nucekna ati mrih kula basuki.

3, Dhuh Sang Roh Suci nggih nganyarna ati,
   nilar gesang lami mbangun turut Gusti,
   dhuh Sang Roh Suci, mugi nulungi temah mursid yekti.
Share:

KPK 43.


NYUWUN ENGGALING MANAH

1. Gusti kula sestu nalangsa, awit asring mbalela,
   damel sekel galih Paduka, kelu ombyaking donya,
Reff: dhuh Gusti kawula nyuwun apura, sinucekken sing dosa
      mugi manah kula kaenggalna, mituhu Paduka.

2. Sestu kula angraosaken sisah dening momotan,
   nging lamun Paduka angapunten manah kawula padhang,
Reff: dhuh Gusti kawula nyuwun apura, sinucekken sing dosa
      mugi manah kula kaenggalna, mituhu Paduka.

3. Sestu kawula ngraosaken ing katresnan Paduka,
   wit Paduka tan negakaken kula kawratan dosa,
Reff: dhuh Gusti kawula nyuwun apura, sinucekken sing dosa
      mugi manah kula kaenggalna, mituhu Paduka.
Share:

KPK 44.


GUSTI NIIMBALI SIRA

1. Wong dosa rempu atimu, nlangsanana dosamu,
   mbokya ngungsia mring Gusti mesthi kinarya suci.
Reff. Gusti nimbali sira rungokna ta sabdaNya, pasraha jiwa raga.

2. He wong kang ilang kesasar saparanmu kapirsan,
   Gusti nglari Ian nimbali bakal karsa nulungi.
Reff. Gusti nimbali sira rungokna ta sabdaNya, pasraha jiwa raga.

3. Gusti kwasa sipat mirah manjalma krana kita,
   mula den enggal mareka mesthi tan nampik sira.
Reff. Gusti nimbali sira rungokna ta sabdaNya, pasraha jiwa raga.

4, Sira kaancam rencana ukum laknat ngadhangi,
   nuli enggal umareka tinebus ing rah adi.
Reff. Gusti nimbali sira rungokna ta sabdaNya, pasraha jiwa raga.
Share:

KPK 45.


GUSTI ANGANTI SIRA

1. Gusti angantya sira wong dosa, arum ing wacana umareka,
   nyuwuna luwar lan linipura, mareka, saosna ati nira,
reff : lah mareka Gusti angantya ywa kapara adoh, umareka
        Gusti anganti anti sira, ywa nyenyuwe,mareka mring Gusti.

2. He wong dosa dhasar dalanira jembar bungah yen dilakonana
   nging sira tan nduga kang rekasa yeku kang anjog mring nagri baka,
reff : lah mareka Gusti angantya ywa kapara adoh, umareka
        Gusti anganti anti sira, ywa nyenyuwe,mareka mring Gusti.

3. Lah mbok umareka mring Gustimu, kang nimbali sira kanthi tresna
   lah mareka enggal dyan merdika nyelaki Gusti nampi rahmatNya,
reff : lah mareka Gusti angantya ywa kapara adoh, umareka
        Gusti anganti anti sira, ywa nyenyuwe,mareka mring Gusti.
Share:

KPK 46.


PANELANGSA

1. Wit sing kathah dosa kula mila tansah kemengan
   Gusti kang madhangi manah myang tuking kabingahan.

2. Mugi karsa angaksama ing klepatan kawula,
   tyas kula mugi dadosa padaleman Paduka.

3. Gusti kang kula ndelaken, mugi nuntun mring kula,
   kula badhe ngestokaken ing sakarsa Paduka.

4. Kula mboten purun malih karya sekel Paduka,
   badhe tansah tuhu setya, tresna ing salaminya.
Share:

KPK 47.


GUSTI PANGUNGSEN KULA

1. Gusti mugi mirsani nggen kula kesrakatan
   kula mlajeng mring pundi namung dhateng Pangeran
   nyuwun tulung dhuh Allah mugi nglanting kawula
   sing sagung ka-ribedan dimen pulih lejara.

2. Tan wonten pangauban sestu namung Paduka,
   etuking pitulungan tumrap tyang kang nalangsa,
   yen kegunturan sedhih miwah nandhang sangsara,
   sinten kang nglipur malih inggih namung Paduka.

3. Gusti dados pikekah miwah beteng kawula
   karosannya tyang lungkrah pepadhangnya tyang wuta,
   kula apes anglentrih Gusti maringi kiyat,
   kula tyang kawlas asih tansah nyuwun sih rahmat.

4. Gusti tuking kadarman mugi mlasi mring kula,
   uwala sing momotan wah kalis sing panggodha,
   Gusti tuking kraharjan kang kwasa mbirat dosa,
   mugi nucekken kula temah gesang sembada.
Share:

KPK 48.


NYUWUN SUCI SAESTU

1. Dhuh Pangluwar sejati myarsakna pasambat kula
   Gusti mugi ngresiki manah kula sadaya.
Reff : Gusti mugirah Paduka nucekken manah kawula
       temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu.
       Suci sestu suci sestu
       temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu

2. Dhuh Pangluwar sejati paringa kiyat mring kula,
   setya ing lampah suci ngetut wingking Paduka,
Reff : Gusti mugirah Paduka nucekken manah kawula
       temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu.
       Suci sestu suci sestu
       temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu

3. Dhuh Pangluwar sejati mugi nuntun gesang kula,
   mbangun turut mring Gusti, tansah ngestokken Sabda.
Reff : Gusti mugirah Paduka nucekken manah kawula
       temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu.
       Suci sestu suci sestu
       temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu
Share:

KPK 49.


BINGAH WONTEN SIHING ALLAH

1. Sihing Allah kang Maha tresna sung gesang nyata mring kula
   yeku sih kang ngeram eramna mring kula tyang kebak dosa,
   mila kula tansah muji tan kendhat rinten Ian ratri.

2. Yen Allah nganggep dosa kula wah lepat klentuning lampah
   kawula pejah ing antaka wit gesang mung awon tansah
   nging Gusti luber sih rahmat kula pepuji tan kendhat.

3. Mring salir tyang nggih sanak-mitra mesthi kawula tedahna
   margining karaharjan yekti yeku sih rahmating Gusti
   punika sokur kawula mring Gusti nggih Sang Pamarta.
Share:

KPK 50.


KULA KEDUWUNG

1. Saestu  keduwung kula dene kirang setya
   dhinawuhan kinen tresna dhateng Allah wah sami,
   nging tan ana buk ti  adhuh Gusti nyuwun suci.

2. Saestu keduwung kula de gesang mung nglaha,
   kelu pangwasaning dosa mung nguja sengseming driya,
   lampah tan prayogi, adhuh Gusti nyuwun suci.

3. Saestu keduwung kula de ndlarung ing dosa,
   nadyan rinoban sih rahmat nging datan enggal mratobat,
   mangkotaken ati, adhuh Gusti nyuwun suci.

4. Saestu keduwung kula nglirwakken kwajiban,
   mrih tuwuhing pasamuwan miwah gesanging bebrayan,
   tentreming dumadi, adhuh Gusti nyuwun suci.

5. Saestu keduwung kula lamun dugeng janji,
   gesang kula tan sembada nilar citraning Sang Rama,
   mesthi den bendoni, adhuh Gusti nyuwun suci.
Share:

KPK 51.


GUSTI PANANGGEL KULA

1. Aku wong kang dosa, ngungsi  maring Gusti
   temahan den sucekna, wit rahe kang suci
Reff : Sang Kristus Gusti, Panebus yekti,
       nadyan dosaku agung, nging Gusti wus nglebur

2. Dhuh Gusti Pamarta mung kwasa Paduka
   ingkang saged ngluwari kula saking dosa.
Reff : Sang Kristus Gusti, Panebus yekti,
       nadyan dosaku agung, nging Gusti wus nglebur

3. Nggen kula nyenyuwun kang dados landhesan
   dede labet kawula namung sih Paduka.
Reff : Sang Kristus Gusti, Panebus yekti,
       nadyan dosaku agung, nging Gusti wus nglebur
Share:

KPK 52.


NYUWUN SUCI

1. Kang najis ndlarung ing dosa tinampik mring swarga
   Allah tan sudi mirsani sabarang kang nistha,
Reff : nyuwun suci Adhuh Gusti, nyuwun suci, nyuwun suci

2. Kang najis datan tinampi ngarsane Hyang Widi,
   adhuh Gusti mugi karsa mbirat dosa kula
Reff : nyuwun suci Adhuh Gusti, nyuwun suci, nyuwun suci

3. Kang najis ndlarung ing dosa pinagas ing sihnya,
   de kang yekti asung bekti tinunggil ing Gusti
Reff : nyuwun suci Adhuh Gusti, nyuwun suci, nyuwun suci

4.  Kang najis badhe sangsara cinadhangan nraka,
    kang mratobat badhe begja cinadhangan swarga
Reff : nyuwun suci Adhuh Gusti, nyuwun suci, nyuwun suci
Share:

KPK 53.


ANENG NGARSANE GUSTI

1. Aneng ngarsane Gusti binuka isining kalbu,
   sanyata najis uripku aneng ngarsane Gusti.

2. Aneng ngarsane Gusti, katon cetha kluputanku,
   mung kebak lamis uripku, aneng ngarsane Gusti.

3. Aneng ngarsane Gusti, kasaosken ringkih semplah,
   reribed Ian nyawa lungkrah, aneng ngarsane Gusti.

4. Aneng ngarsane Gusti, rinaosken gunging sihe,
   wah lubering katresnane, aneng ngarsane Gusti.
Share:

KPK 54.


NYUWUN AKSAMA

1. Dhuh Gusti kang Mawilasa mugi paring aksama
   kula getun de klepatan nglawan dhateng Pangeran
   nglirwakken dhawuh Pa-duka manut hardaning dosa
   temah tan ngraosken tentrem tebih sin  gesang langgeng

2. Dhuh Gusti kang Mahatresna mugi ngruwat kawula,
   temah kula dados suci tetunggilan Ian Gusti,
   manah kang peteng wit dosa enggal pulih lejara,
   pangajeng-ajeng binuka ngener mring Allah Rama

3. Dhuh Gusti kang Mahakwasa mugi nuntun kawula,
   ngambah ing margi utami mbangun turut mring Gusti,
   nyingkur mring karseng pribadi wit kwasaning Roh Suci,
   nglawan kapencuting donya mrih raharja slaminya.
Share:

KPK 55.


KRISTUS MARGINING PANGLUWARAN

1. Pundi margi rehing pati tan misesa mring kula
   kwasanira sarta wohnya damel gesang sangsara,
reff : marginira mung sajuga Kristus Gusti Ma suci,
       wit pracaya mring asmanya kula gesang sanyata.

2. Pundi cara luwar kula sing rehira antaka,
   manah semplah batos kwatos tansah ajrih ing galih,
reff : marginira mung sajuga Kristus Gusti Ma suci,
       wit pracaya mring asmanya kula gesang sanyata.

3. Pundi dalan pangluwaran sing jeriting kadonyan,
   gesang nggrangsang Ian brangasan nguja hawa duraka,
reff : marginira mung sajuga Kristus Gusti Ma suci,
       wit pracaya mring asmanya kula gesang sanyata.
Share:

KPK 56.


KARAHAYONE WONG MURSID

1. Rahayu wong kang mursid lampahnya nyingkur pangangene wong duraka
   lan ora ngambah dalane wong dosa ora wor lungguh ing pajagongane,
   nanging karem mring sabdaning Allah rina wengi den gilut ing manah.

2. Kaanane wong iku kaya wit, kang tinandur sapinggiring kali,
   kang mesthi awoh ing titi mangsane, Ian godhonge tan nate alum gogrog,
   ingambaha reribed ngrepoti, tansah lestari kang den lampahi.

3. Tan mengkono mungguh wong duraka, nanging lir mrambut kabur ing angin,
   ora bisa lulus ing pangadilan, Ian ing pasamuwane para mursid,
   wong mursid rineksa ing Pangeran, wong ala tumibeng karusakan.
Share:

KPK 57.


KANG KAROBAN ING BEGJA

1. Para bangsa samya ngraman nggrangsang mring Pangeran.
   gung pakarti nira muspra nggih nggadhang antaka.

2. Tyang nglawan mring kang Ma kwasa mung manggih sangsara,
   kadhawahan bebendunya temah tumpes sira.

3. Sang Jebadaning Yehuwah yeku Putreng Allah
   kaparingan gung pangwasa mengku samudaya.

4. Tyang ajrih asih mring Gusti nggih sedya ngabekti,
   wah ngayom ing sih rahmatnya karoban Ing begja.
Share:

KPK 58.


RINEKSA ING ALLAH NADYAN SINATRU TYANG DURAKA

1. Dhuh Pangeran Allah tyang duraka kathah nyatur mengsahi kula
   memoyoki tansah ngarah kula pejah srana salir piala
   nging Paduka Gusti pangayoman yekti tuking kamulyan adi
   wit gunging sih rahmat myarsakken pa-sambat pandonganuig pra umat.

2. Dhuh Pangeran Gusti kula datan wedi mring tyang drengki wah srei
   wit tyang kang duraka mesthi den kasorna dening asta Paduka,
   tyang pracaya yekti Paduka belani wah rineksa sing pati
   mila kula ayem gesang tansah tentrem, de kabegjanku langgeng.
Share:

KPK 59.


 NYUWUN LUWAR SING KARUPEKAN

1. Dhuh Allah kang Ma suci mugi Gusti melasi
   sampun ngukum kula merdi klayan bramantya
   nging enggal den entasna sing sisah sangsara.

2. Dhuh Allah Kang Makwasa ngrentahna sih wilasa,
   kula kadya pejah wit manah lesah semplah,
   nging yen luwar sing pati tansah nggunggung Gusti.

3. Dhuh Allah Kang Matresna nglubema kawlasanta,
   rinten dalah ratri luh tangis tansah mili,
   angantya pangluwaran sing gung karupekan.

4. Dhuh Allah Kang Maluhur puji panuwun katur,
   wit gunging sih rahmat myarsakna mring pasambat,
   ngluwari sing tyang nyatru, wah sung tentrem sestu.
Share:

KPK 60.


 ALLAH PANGEN KULA

1. Allah yeku  pangen kula  kang gung sih tresnanya
   Kula tansah rinimatan srana gung kadarman.

2. Kula tansah den ayomi mila ayem yekti
   tinuntun ing margi adi wit asmaning Gusti.

3. Kula tan ajrih bilai wit kinanthi Gusti,
   wah slaminya pangreksanya temah kula begja.

4. Nadyan sinatru tyang kathah nging ayem ing manah,
   Allah ngluberken sih rahmat berkahnya tan kendhat.

5. Kula rinoban kabegjan salamining gesang,
   saha manggen Ian memuji ing daleming Gusti.
Share:

KPK 61.


ALLAH YEKU PANGEN SATUHU

1. Allah yeku pangen satuhu pangrehnya nentremken kalbu
   kula tansah rinimatan srana sagung ing kamirahan.
Reff : Ing juranging pati tan wedi bilai wit Gusti pribadi kang nganthi
       nadyan meng-sah kathah manah datan semplah berkah tansah rumentah
       mung kabegjan saha kadarman ngiring salamining gesang
       sarta kula badhe manggen tansah ing daleme Sang Yehuwah.

2. Ayem manah lan nyawa kula ingayom ing sihing Gusti,
   sarta tinuntun astanya ing margining bebener yekti.
Reff : Ing juranging pati tan wedi bilai wit Gusti pribadi kang nganthi
       nadyan meng-sah kathah manah datan semplah berkah tansah rumentah
       mung kabegjan saha kadarman ngiring salamining gesang
       sarta kula badhe manggen tansah ing daleme Sang Yehuwah.
Share:

KPK 62.


KARAHAYONING TYANG MURSID

1. Rahayu  wong wedi asih mring Pangeran Yehuwah
   ramenggawe sepi  pamrih kasengsem sabdeng Allah
   wong bener wah ngabektti slamanya den berkahi lan turune lestari.

2. Omahe wong kang pracaya kanggonan kaluberan, kautamane slamanya tanggon ing    karupekan, yen pepeteng nglimputi gya pepadhang nelahi wit tinunggil ing Gusti.

3. Wong loma sinung kabegjan slamanya kinasihan, wong jujur tulus ing lampah    sinebut-sebut tansah, mring Wang drengki tan wedi nging pracaya mring Gusti rineksa    ing Hyang Widi.

4. Wong awatak welas asih mring kang miskin wah ringkih, kanggonan kamulyan yekti
   nggih kamulyaning budi, wong duraka mung meri ngangah-angah ing pati, pituwase bilai.
Share:

KPK 63.


 BERKAHING ALLAH

1. Tyang kang sumarah pracaya kang leladi klayan, setya
   misungsungken gesangipun konjuk mring Hyang Maha agung.

2. Tyang mursid kang trusing ati rina wengi nggunggung Gusti,
   tansah angantya berkahnya sarta tan kendhat ndedonga.

3. Pangeran Allah Makwasa ngluberken berkah sing swarga,
   muwuhi ing sih rahmatnya ngiring ing kasetyanira.
Share:

KPK 64.


PASRAH MRING GUSTI

1. Sakehing was sumelangmu pasrahna mring Gusti
   Wit  saliring mitramu tan bisa mrantasi
   Jer  sa gunging manungsa  nyanggi sume lange
   kang pinasrahan tan ana tansah kuwur atine
Reff. di enggal pasrahna ing astane Gusti
      sagung kuwatirira wus mesthi den tulungi.

2. Yehuwah iku pangenmu pamomong sejati
   kang nentremken atimu setya ing pangrukti,
   payo prayoga sowan marek Sang Pamarta,
   kanthi giyak bebarengan tan mangu ing wardaya.
Reff. di enggal pasrahna ing astane Gusti
      sagung kuwatirira wus mesthi den tulungi.
Share:

KPK 65.


YESUS ROTI PANGURIPAN

1. Yesus Roti panguripan tumurun saking swarga
   paring rahayu santosa mring sagung tyang pracaya.

2. Yesus dados margi nyata kangge pra tyang kesrakat
   wangsul margining raharja nuju sumber sih rahmat.

3. Yesus tuking toya gesang tyang ngorong bener yekti
   temtu badhe tinuwukan angger purun nampeni.

4. Yesus Pangen kang utami ngurbanken sariranya
   mrih umatnya gesang yekti tinebus sing antaka.

5. Yesus nggih cempening Allah Juru slamet sejati
   awit dening wutahing rah  kula sami basuki.

6. Yesus pangayoman nyata langgeng ing salaminya
   jagad owah gingsir  sirna Yesus tetep wah setya.
Share:

KPK 66.


MASRAHAKEN GESANG

1. Gusti kawula sowan atur sembah bekti,
   masrahken jiwa badan, gesang kula sami;
   mugi Paduka nuntun paring kakiyatan,
   dimen kula lestantun dumugeng wekasan.

2. Kula sestu kepengin manut rehing Gusti
   namung ringkihing batin kang tansah malangi
   dhuh Gusti mugi pareng mulungaken asta
   nggih gya kawula cepeng gondhelan kawula.

3. Kawula mung pracaya tan ngandelken dhiri
   nggih mung karsa Paduka kang kula lampahi
   kabegjan kang sejati yen lampah kawula
   tetep manut ing margi pitedah Paduka.Amin.
Share:

KPK 67.


ANENG PATUNGGILANING GUSTI

1. Aneng patunggilan ning Gusti wah malih nunggil baptisnya,
   pasamuwan dados sawiji tung-gil manah Ian pracaya.
   neng patunggilaning Roh suci
   ngajeng ajeng kasampurnan, pasamuwan Paduka mugi saya kekah tetunggilan.
Share:

KPK 68.


IBA ADI TUWIN ENDAHIPUN

1. Iba adi tuwin endahnya dinten ageng ingkang mulya
   tiyang dosa wanuh Pamarta samya nampi gesang nyata
   gesang ing astaning Panutan ingkang kebak kaayeman
   Sagung dosa sampun ical mangkya ngrasuk gesang enggal.

2. Iba adi tuwin endahnya pawartos ingkang kapyarsa
   turut margi arum swaranya pangundharing kabar adya
   kabar rahmat saking Pangeran rentahing berkah kraharjan
   kula samya tiyang dosa rinentahan palimirma

3. Tyang dosa den sami mirengna yogya samya anilingna
   napa sampun wanuh swaranya lamun dereng mangga samya
   enggal umarek mring ngarsanya klayan eklas manah suka
   mung dening Yesus nggen kita saged wangsul dhateng swarga.
Share:

KPK 69.


KASETYANING ALLAH

1. Kasetyaning Allah datan gingsir,
   kang pinilih nggih ugi den timbali
   tansah pinirsanan sadayane, prajanji nya tamtu  dipun tetepi
   samukawis kang kinaryakaken, rinampungken.


2. Sabda Ian kwasane Allah nyata
   saben jaman winengku ing pangrehnya
   astanya kukuh miwah santosa ngasta pangadilan ing salamanya
   landheping sabdanya nyirnakaken kadurakan.

3. Sang Roh Suci kang kagungan karsa
   mbikak kekeraning gesang sanyata
   pasamuwan tinuntun astanya rineksa dugeng kasampuman nyata
   nggih dados warganing kraton swarga salamanya.
Share:

KPK 70.


LUMADI ING GUSTI

1. Gusti gesang kawula lumados mring Paduka,
   dadya pisungsung yekti mrih kamulyan ing Gusti.

2. Mobah mosiking driya wah rerantaman kula
   ngarah luhuring lampah mababarken karseng Allah.

3. Kedaling ilat kula tindak lampahing gesang,
   namung tansah nelakna gunging sihe Pangeran

4. Bandhalan kasagedan  katur minangka kurban,
   cihnaning bekti Gusti wah nresnani sesami.

5. Gesang sawetahira manut ing reh Paduka,
   makarya klayan bingah kagem kratoning Allah.
Share:

KPK 71.


MANGGUL SALIB

1. Gusti Yesus, Sang Pamarta kula ndherek Paduka,
   manggul salib ing slaminya klayan bingahing driya,
   kula Paduka kiyatken temah tan nate semplah
   sampun ngantos kemuriden datan cuwa ing manah.

2. Nadyan tinilar ing mitra sinengitan sudara,
   kula manteb ing pracaya ndherek Gusti slaminya,
   lamun Gusti ingkang nganthi kabegjan kang pinanggya,
   lamun Gusti kang ngasihi sinung kraharjan nyata.

3. Karibedan Ian sangsara krana ndherek Paduka
   ngiyatken tekading manah ngudi Kratoning Allah,
   kula tan lingsem tan wedi nekseni Injil suci,
   wit gesang langgeng sayekti ndherek Sang Kristus Gusti.
Share:

KPK 72.


TEMEN NDHEREK GUSTI

1. Salir  wong pracaya  ywa urip sembrana,
   sih rahmating Gusti den pundhinen yekti,
   na dyan lelahanan nging sanes murahan,
   yeku kurban sejati Sang Kristus Gusti.

2. Kaslametanira bisa ilang sirna,
   yen sira sembrana nglirwakken sabdanya,
   ditumemen ngudi klayan geter wedi,
   urip mursid yekti ndherek Kristus Gusti.

3. Wong pracaya samya den tansah waspada,
   dosa tansah nggodha mesthi den kalahna,
   temahan sih rahmat tumrah datan kendhat,
   sira tentrem raharja ing Gustinira.
Share:

KPK 73.


MAREKA MRING GUSTI

1. Mara wong dosa wong cilaka mareka mring Gusti Pamarta,
   temah binirat dosanira krana gunging sihnya,
Reff. saiba karaharjanira yen sira wus manjing pracaya,
      sinung begja wah gesang nyata uwal sing antaka.

2. Bocah uga nggih den kasihi mula sowana ngarseng Gusti,
   mrih dadya putra prasetyannya krana gunging sihnya,
Reff. saiba karaharjanira yen sira wus manjing pracaya,
      sinung begja wah gesang nyata uwal sing antaka.

3. Aja semaya marek Gusti wit tan ngerti praptaning janji,
   Gusti ngantya mring tobatira krana gunging sihnya, Refr.
Reff. saiba karaharjanira yen sira wus manjing pracaya,
      sinung begja wah gesang nyata uwal sing antaka.
Share:

KPK 74.


PRACAYA MRING GUSTI

1. He wong kang kabotan dosa Gusti ungsenana
   agung sih pangapuntennya mring wong kang pracaya
Reff. pracayaa, pracayaa mung pracayaa
      Gusti kwasa Gusti kwasa ngluwari sira.

2. Gusti wus nglampahi seda ngrembat dosa kita,
   rahe nucekken ing kalbu dyan suci saestu,
Reff. pracayaa, pracayaa mung pracayaa
      Gusti kwasa Gusti kwasa ngluwari sira.

3. Gusti kang dadi marganya mrih tumekeng swarga,
   saben wong kang angugemi tansah dipun kanthi,
Reff. pracayaa, pracayaa mung pracayaa
      Gusti kwasa Gusti kwasa ngluwari sira.
Share:

KPK 75.


GUSTI NIMBALI

1. He wong kang mandheg mangu Gusti nimbali,
   tilingna ta sabdanya, Gusti nimbali,
   padha mbangun turuta tumemen ing pracaya,
   gya rungokna sabdanya, Gusti nimbali
Reff.: Gusti dhawuh mring sira padha enggal mareka,
       mara estokna sami Gusti nimbali

2. He sira kang kesrakat, Gusti nimbali,
   karsa paring sih-rahmat, Gusti nimbali,
   sihnya tetep tan kendhat, dosanira rinuwat,
   mara andherek Gusti, Gusti nimbali.
Reff.: Gusti dhawuh mring sira padha enggal mareka,
       mara estokna sami Gusti nimbali

3. Lamun atimu lesah, Gusti nimbali,
   mareka temah bingah, Gusti nimbali,
   sabdanya paring gesang, nuntun mring margi padhang,
   myang rahayuning budi, Gusti nimbali.
Reff.: Gusti dhawuh mring sira padha enggal mareka,
       mara estokna sami Gusti nimbali

4. Wong pracaya den bingah, Gusti nimbali,
   wit Gusti nunggil tansah, Gusti nimbali,
   yen ketaman panggodha, dalah nandhang sangsara,
   mara tetep ngabekti, Gusti nimbali.
Reff.: Gusti dhawuh mring sira padha enggal mareka,
       mara estokna sami Gusti nimbali
Share:

KPK 76.


UMAREKA, UMAREKA

1. Taksih menga kori dhateng swarga, korining nugraha,
   mila mangga nulya den ambaha sampun ta semaya,
   saiba ta duwungira lamun kineban kori swarga.
Reff : Umareka umareka.

2. Sestu begja kawula sadaya nadyan tiyang dosa,
   sampun dangu sami dipun antya dening Rama swarga,
   pramila sami dipun kebat lumebet koringing sih rahmat.
Reff : Umareka umareka.

3. Adhuh Gusti sestu sih Paduka ngeramken tyas kula,
   nadyan kula tiyang ingkang nistha pinaringan swarga,
   mung wit sihing Allah Sang Rama kori swarga taksih binuka.
Reff : Umareka umareka.
Share:

KPK 77.


ING PAPRENTAHANING ALLAH

1. Ing paprentahaning Allah sadaya nengsemken,
   Para titah samya rukun nilar pasulayan
   sami dene angaosi migatosken liyan,
   supeket ing pasrawungan bekti mring Pangeran
Reff : Sumangga gumregut makarya, kagem Gusti dados srana
       mrih tentrem rahayu kang sejati binabar aneng bumi.

2. Makaten kaanan donya yen kebekan sihnya,
   tan ana sedya miala Ian panggawe cidra,
   wit karoban kawruh yekti tepang Hyang Masuci
   kadya dhasaring samodra sinasaban toya,
Reff : Sumangga gumregut makarya, kagem Gusti dados srana
       mrih tentrem rahayu kang sejati binabar aneng bumi.

3. Kadya singa Ian menjangan sami gegojegan,
   mantun denya memengsahan mlegung sesarengan,
   sami memitran saestu tresnanya satuhu,
   wit pangrehing Hyang Makwasa lumintu makarya.
Reff : Sumangga gumregut makarya, kagem Gusti dados srana
       mrih tentrem rahayu kang sejati binabar aneng bumi.
Share:

KPK 78.


TINIMBALAN DENING GUSTI

1. Dhuh Allah Ma kwasa, Gusti nimbali kula,
   dados rowang mitra, wah utusan Paduka,
   ngundhangken sih rahmat mring sagunging umat,
   mrih kratoning Allah sadonya sumrambah.

2. Mugi Sang Roh Suci nggih tansah mitulungi,
   mrih kula sembada leladi kanthi setya,
   Ian tekading manah datan nate semplah,
   telatos, taberi wah ing pamrih sepi.
Share:

KPK 79.


PRACAYA LAN PASRAHA

1. Pracaya Ian pasraha mring Allah Ma kwasa,
   Gunging prihatinira ginantosan begja,
   yekti pilihing margi Pangeran mberkahi,
   Ian sira kaeraman wit gunging kadarman.

2. Lamun sira nggresula yekti tanpa guna,
   ati kabidhung susah pepeteng sumrambah,
   ngetunga gunging berkah sarta mukjijadnya,
   dalah prakara lumrah dadya marginira.

3. Sapa bisa njajagi mring karsaning Gusti,
   sira tan darbe kwasa nata umurira,
   mung tansah mbudidaya sinartan ndedonga,
   sumendhe mring Pangeran wah ngambah pepadhang.

4. Lamun nyangga momotan ingancam bebaya,
   ngungsia mring Pangeran ywa semplah ing driya,
   sira rineksa Gusti mrih datan bilai,
   tan sande linuwaran wah sinung kraharjan.

5. Yen praharaning gesang silih nempuh tansah,
   klayan takat linawan wah nenga mring Allah,
   Gusti nunggil tan kendhat Ian ngganjar sih rahmat,
   temah manteb pracaya ing slami-laminya.
Share:

KPK 80.


KAPYARSI GUSTI NIMBALI

1. Kapyarsi Gusti nimbali:"He wong kamomotan,
   mareka Ian mbukak ati nampi pangluwaran",
   kula ngayom maring Gusti temah ayem yekti,
   wit sinung kraharjan nyata uwal sing antaka.

2. Kapyarsi Gusti nimbali: "Wong ngelak, mareka,
   nampanana banyu swarga temah urip nyata,"
   kula ngungsi maring Gusti sinungan Roh Suci,
   tinuntun mrih mursid yekti tresna mring sesami.

3. Kapyarsi Gusti nimbali: "Wong dosa, mareka,
   nampanana kurban suci rah srira sampuma,"
   kula pasrah Sang Pamarta sinung sih rahmatnya,
   wah ingangkat putreng Allah kang nglantarken berkah.
Share:

KPK 81.


NDHEREK GUSTI

1. Kula mesthi ndherek Gusti kang jumeneng Panutan
   tetep setya dugeng janji tan wigih karibedan,
Reff : dhuh nyawaku ja kwatir Gusti tan ewah gingsir
       tut wuria salaminya ing satindake Gusti.

2. Kula mesthi ndherek Gusti martosken Injil suci,
   datan ajrih ing sangsara wit Gusti nganthi kula,
Reff : dhuh nyawaku ja kwatir Gusti tan ewah gingsir
       tut wuria salaminya ing satindake Gusti.

3. Kula mesthi ndherek Gusti mbabarken sih piwlasnya,
   mring sagung titah ing bumi dimen samya raharja,
Reff : dhuh nyawaku ja kwatir Gusti tan ewah gingsir
       tut wuria salaminya ing satindake Gusti.

4. Kula mesthi ndherek Gusti ngestokken dhawuh adi,
   lamun wonten kang nyatroni nedya kula tresnani,
Reff : dhuh nyawaku ja kwatir Gusti tan ewah gingsir
       tut wuria salaminya ing satindake Gusti.
Share:

KPK 82.


TEKADING MANAH KULA

1. Tekading manah kawula tansah ndherek mring Gusti
   yeku Panutan sanyata nggih Panebus sejati
Reff. margining salib ingambah mbangun turut mring Allah
      mbabarken tresna sejati mrih jagad tentrem basuki.

2. Kula mesthi ndherek Gusti ngantos -slami-laminya
   nggih martosken Injil suci margining tyang waluya
Reff. margining salib ingambah mbangun turut mring Allah
      mbabarken tresna sejati mrih jagad tentrem basuki.

3. Nulad Sang Pamarta Gusti sagah ngurbanken dhiri
   tan remen ing kekerasan nging lubering katresnan
Reff. margining salib ingambah mbangun turut mring Allah
      mbabarken tresna sejati mrih jagad tentrem basuki.

4. Sanadyan rumpil marginya nging Gusti tansah nganthi
   nadyan ribed lan sangsara datan semplah ing ati
Reff. margining salib ingambah mbangun turut mring Allah
      mbabarken tresna sejati mrih jagad tentrem basuki.
Share:

KPK 83.


PASRAH DHATENG GUSTI

1. Dhuh Gusti kawula tresna dhumateng Paduka,
   ku la masrahken manah, badan kaliyan nyawa,
   Paduka kang agung sih, ingkang sampun menang,
   saestu  kula tresna dhumateng Paduka
reff :kula pasrah badan nyawa  Gusti ingkang angasta pejah gesang,
      kula pasrah badan nyawa Gusti ingkang angasta pejah gesang.

2. Gusti ngrumiyini tresna mring kula tyang dosa,
   tan nggalih gung sangsara pinenthang ngruwat dosa,
    pramila kula ugi tresna dhateng Gusti, wah tresna mring sesami kanthi trusing ati
reff :kula pasrah badan nyawa  Gusti ingkang angasta pejah gesang,
      kula pasrah badan nyawa Gusti ingkang angasta pejah gesang.
Share:

KPK 84.


NYUWUN TUNTUNANIPUN GUSTI

1. Nggen kawula makarya inggih kasar alus
   mung Paduka Gusti kang mugi amaringi
   pitedah, pamrayogi sarana Roh ingkang suci.

2. Kawula nggih nglenggana pandamel kula nglaha
   estu tanpa gun lamun tan binerkahan -
   dening Allah Pangeran sadaya mung damel cuwa.

3. Dhuh Hyang Kang Maha Adil mugi Paduka nunggil
   ing kula slaminya dyan ing salir pakaryan
   tanduk Ian kalakuwan kula manut reh Paduka.
Share:

KPK 85.


KABEGJAN SEJATI

1. Kabegjan yekti gesang pangaji ngabdi mring Sang Kristus Gusti
   Dadya lantaran mrih karukunan katentreman kelampahan
Reff : mungSang Kristus yeku Gusti Panebus kula sing pati
       gesang kawula kagem asmanya nggih martosken sihrahmatnya.
   
2. Kraharjan nyata gesang neng donya lelados mring Sang Pamarta
   tansah mbelani sagung sesami mrih samya manggih basuki,
Reff : mungSang Kristus yeku Gusti Panebus kula sing pati
       gesang kawula kagem asmanya nggih martosken sihrahmatnya.
Share:

KPK 86.


ANDHEREK GUSTI

1. Kula badhe mboten nilar dhateng Gusti Pamarta
   dhateng pundi Gusti tindak kula ndherek Paduka
reff : ula tut wingking Paduka salami kula gesang
       awit yen tanpa Paduka kula tan saged gesang.

2. Sanadyan gung karubedan kula mboten sumelang
   Paduka sung kekiyatan pramila kula gesang,
reff : ula tut wingking Paduka salami kula gesang
       awit yen tanpa Paduka kula tan saged gesang.

3. Kula tansah ndherek Gusti nadyan nyanggi momotan
   klayan manggul salib kula ngantos dugeng wekasan,
reff : ula tut wingking Paduka salami kula gesang
       awit yen tanpa Paduka kula tan saged gesang.
Share:

KPK 87.


SUMENDHE ING GUSTI

1. Kula sumendhe ing Gusti peparang kang santosa
   prayogi kula ungseni nyuwun tansah rineksa
   nadyan tinilar ing mitra kula mboten perduIi
   sumanggem mundhi dhawuhnya klayan tulus ing ati
Reff:  kula tansah pitados Gusti tan nilar kula
       mila kula tan kuwatos gesang manut sabdanya.

2. Kula sumendhe ing Gusti sarwi sengkut makarya
   cumadhang tansah leladi ing sakatoging driya,
   gegayuhan Ian pangudi tan kendhat ing pandonga
   Gusti ingkang nyembadani temah kula samekta,
Reff:  kula tansah pitados Gusti tan nilar kula
       mila kula tan kuwatos gesang manut sabdanya.
Share:

KPK 88.


SAKEHING SUMELANGMU PASRAHNA MARANG AKU

1. Iba rah jeng tyang kang sami sumendhe mring Gusti
   jroning susah wah kesrakat Gusti paring kiyat.

Reff: Sumangga sumendhe Gusti
      Sumangga sumendhe Gusti
      Sumangga sumendhe Gusti
      mesthi Gusti karya ayemira.

2. Adhuh Gusti kula sowan ing ngarsa Paduka
   masrahken gesang kawula neng asta Paduka,
Reff: Sumangga sumendhe Gusti
      Sumangga sumendhe Gusti
      Sumangga sumendhe Gusti
      mesthi Gusti karya ayemira.

3. Adhuh Gusti lamun kula pasrah mring Paduka
   kula mesthi datan wedi sangsara wah pati,
Reff: Sumangga sumendhe Gusti
      Sumangga sumendhe Gusti
      Sumangga sumendhe Gusti
      mesthi Gusti karya ayemira.
Share:

KPK 89.


PASRAH

1. Gusti kawula ngaturken badan nyawa kawula
   mugi Paduka slametken kawula kagungan  ta
Reff : bingah susaha kula marem nunggil Paduka
       dhuh Gusti murbeng tresna kula pasrah Paduka.


2. Datan wonten andel-andel namung Paduka Gusti
   mila kawula kumandel pasrah kang trusing ati
Reff : bingah susaha kula marem nunggil Paduka
       dhuh Gusti murbeng tresna kula pasrah Paduka.

3. Raja brana, kasugihan wah malih kasagedan
   dhuh Gusti, katur Paduka kagema ing Pangeran
Reff : bingah susaha kula marem nunggil Paduka
       dhuh Gusti murbeng tresna kula pasrah Paduka.
Share:

KPK 90.


PASRAHA

1. Bungaha susaha Gusti dak puji,
   kang mranata gesang kula,
   kula rinimat kalayan katresnan mila  kula
Reff. pasrah pangrehnya, pasraha pasraha
      ing sapangrehing Hyang Makwasa.

2. Sapinten awrating momotan kula, rencana godha myang susah,
   yen kula enggal mulad Sang Pamarta, manah kula entheng Ian bingah,
Reff. pasrah pangrehnya, pasraha pasraha
      ing sapangrehing Hyang Makwasa.

3. Sanadyan kula kasinungan drajat, kaluhuran miwah pangkat,
   namung kula tan prayogi gumunggung, nging tumungkul mring Hyang Maagung,
Reff. pasrah pangrehnya, pasraha pasraha
      ing sapangrehing Hyang Makwasa.
Share:

KPK 91.


PRABOTING PERANG ROHANI

1. He prajurite Gusti kang samya dinuta
   kesah mring pundi pundi nyebar kabar adya,
   nggih kabaring sih rahmat peparing sing swarga
   kang sinungken pra umat mrih sami pracaya

Reff . Payo maju ja giris atimu
       marga Gusti nganthi sapurugmu
       payo maju undhangna samangkya,
       murih kang peteng gesangnya wanuh Pamarta.

2. Sajroning prang ja lali sabukan kang kukuh
   nganggo rohing kayekten dyan sira apuguh
   kabingahan sanyata nggih Injiling Gusti
   den undhangna warata salumahing bumi.
Reff . Payo maju ja giris atimu
       marga Gusti nganthi sapurugmu
       payo maju undhangna samangkya,
       murih kang peteng gesangnya wanuh Pamarta.

3. Yen katempuh rubeda de kridhaning mengsah
   candhaken tamengira pracaya lan pasrah
   wit Gusti wus prasetya nganthi sapurugmu
   yeku kang bakal nuntun kedaling ilatmu.
Reff . Payo maju ja giris atimu
       marga Gusti nganthi sapurugmu
       payo maju undhangna samangkya,
       murih kang peteng gesangnya wanuh Pamarta.
Share:

KPK 92.


PAMUJINIPUN PARA UTUSAN

1. He nyawaku  sira sumyaka nggungung ing sihing Pangeran
   kang sampun ngirid lampahira tansah paring pitulungan
   mring para utusan setya kang ngundhangken wartos adya
   Haleluya,  Haleluya.

2. Sinten kang nampi timbalannya ngemban ayahan kaswargan
   tartamtu badhe angraosna pratandha myang kaeraman
   nadyan margine rekasa nging tan kendhat tansah muja
   Haleluya, Haleluya.

3. He nyawaku sira sumyaka anggunggung-nggunggung Yehuwah
   slawasing uripku dak puja kalawan ati kang bungah
   de agung sihe mring kula ing ratri dalasan rina
   Haleluya, Haleluya.
Share:

KPK 93.


PANGATAG NGABARAKE INJIL

1. Sumangga pra kanca misungsungken gesang nggih dadya pramitra rencanging Pangeran
   martosken Injilnya  pangluwaran sing dosa mring saliring bangsa mrih samya wilujenga

2. Tyang miskin kesrakat rinoban sih rahmat tyang kang kinunjara linuwaran sigra
   katentreman yekti binabarna ing bumi sagung tyang manembah wah mituhu mring Allah.

3. Injil kabar suci yeku sihing Gusti den undhangna tansah sajagad sumrambah
   tyang mblasar ing lampah wah kang wangkot ing manah tinuntun mratobat nampenana sih rahmat
Share:

KPK 94.


NYUWUN GUMELARIPUN KRATONING SWARGA

1. Dhuh Gusti nggih binabarna Kratoning Allah ing jagad
   pra umat samya raharja krana rinoban sihrahmat

2. Bebener wah kaadilan kajujuran lan katresnan
   binabar nyata ing donya wit pangreh kwasaning Allah.

3. Kang aneng Kratoning Allah mung tentrem rahayu tansah
   tan ana kang cecongkrahan samya nandukken katresnan-

4. Dhuh Sang Kristus yeku Gusti den enggal rawuh ngadili
   mrih samukawis sampurna pra umat gesang neng swarga
   (Panutup) : Amin
Share:

KPK 95.


KRATONING SWARGA

1. Kraton swarga saestunya ndhatengi saya wewah,
   bebener lan kaadilan aneng jagad sumrambah
   katentreman sayekti binabar aneng bumi.

2. Pra tyang pracaya ywa semplah klayan tulus tumandang
   mbabarken Kratoning Allah nadyan kathah kang nglawan
   Gustimu tansah njangkung sarta paring pitulung

3. Mbabarken Kratoning Allah dhasarnya mung katresnan
   tan ngandelken bala kathah nging sumarah Pangeran
   sagung tyang kang pracaya yogya sengkut makarya
Share:

KPK 96.


LAMUN DUDU YEHUWAH

1. Yen dudu Yehuwah kang ayasa wisma,
   tanpa guna, tanpa gawe karyane tukange
   lah mangkya kita andulu yeyasane
   o, iba mulyanya pasamuwane Yesus Gusti
   para abdi setya Ian bingah ing driya
   nambut pakaryan adi saking Gusti

2. Iba begjanipun tyang ingkang ngalami
   wanuh swargi, wanuh Gusti nggih Juru Wilujeng
   karana sami ginadhang gesang langgeng
   luhurna, luhurna agung sihe Rama ing swarga
   pra kang swau sami tambuh gesang yekti
   sami winenganan korining swargi.

3. Pra kang wus ngalami sih tresnane Gusti
   datan kendel nambut kardi angundhangken warti
   inggih kabaring sih rahmat saking swargi
   undhangna, wartakna, warata salumahing bumi
   dyan sagung pra umat wanuh mring sih rahmat
   nggih Injiling asmanya: Yesus Kristus.
Share:

KPK 97.


TANSAH SAMEKTA

1. Sumangga makarya pra prajuriting Gusti
   martosken kabar kang adya nggih sih rahmat sing swargi
   mrih tyang kang peteng ing driya, samya manggih pepadhang yekti.
   Sumangga makarya.

2. Sumangga makarya sampun ta ngantos telat,
   mbabarken sih tresna nyata mrih tyang dosa mratobat
   ywa giris nglawan bebaya wit Gusti nganthi salaminya,
   sumangga makarya.

3. Sumangga makarya klayan manteb Ian setya,
   manggul salib ndherek Gusti mbelani tyang prih ati,
   kang tinindhes wah siniya linuwaran temah raharja,
   sumangga makarya.
Share:

KPK 98.


PANENIPUN JEMBAR

1. Lah, saestu panenipun jembar nging kang derep mung tiyang sekedhik
   o, kanca mangga sami tumandang,mumpung taksih pinaringan urip.
Reff : gya tumandanga anderepi kangelane dadi kabungahane
       gya tumandanga anderepi panen jembar kang derep sethithik.

2. Dhuh Pangeran kang kagungan panen mugi Paduka karsaa merdi
   kathah tiyang kang sami telaten gya tumandang sregep angeneni.
Reff : gya tumandanga anderepi kangelane dadi kabungahane
       gya tumandanga anderepi panen jembar kang derep sethithik.
Share:

KPK 99.


PANYUWUN GUMELARING KRATON

1. Dhuh Gusti Pamarta margi sih Paduka,
   tiyang dosa kaluwaran saking paukuman,
Reff : Iba adinira utusan Paduka,
       kang ngundhangken wartos bingah sih rahmating Allah.

2. Dhuh Gusti Pamarta margi Roh Paduka,
   kathaha tyang kang nampeni pawartos basuki
Reff : Iba adinira utusan Paduka,
       kang ngundhangken wartos bingah sih rahmating Allah.

3. Dhuh Gusti Pamarta wit pangreh Paduka,
   tyang kang pitados mring Gusti sageda nyawiji
Reff : Iba adinira utusan Paduka,
       kang ngundhangken wartos bingah sih rahmating Allah.
Share:

KPK 100.


DIPRAYITNA

1. He tyang pracaya den sami samekta nglawan Panggodha iblis julig nyata
   ywa kendhat ndedonga mirengken sabda tansah nunggil lan sagung tyang pracaya
reff : diprayitna ywa nganti lena Gusti ngreksa ing slami-laminya.

2. Ywa ajrih wedi wah aja sumelang nadyan mungsuhmu tan kenging winilang
   dipanggah, ditatag manteb pracaya disetya tansah mrih unggul prangira,
reff : diprayitna ywa nganti lena Gusti ngreksa ing slami-laminya.
Share:

KPK 101.


PERANG ROHANI
1. Pra abdining Gusti dipun prayitna
   ing perang rohani ywa kongsi lena
   ngrasuka kayekten wah kaadilan
   nadyan tanggelannya mung kasangsaran
Refrein: Yekti iblis culika lan julig maeka
         ditegen ndendonga Gusti kang ngreksa.

2. Pra putraning Allah padha den panggah,
   setya dados seksi Injiling Allah,
   nyanggemi dhawuhnya kang trus ing ati,
   manteb ing pracaya dumugeng janji.
Refrein: Yekti iblis culika lan julig maeka
         ditegen ndendonga Gusti kang ngreksa.

3. Pra wong kang pracaya ditunggal sedya,
   nyirik pasulayan mbangun katresnan,
   sangkul-sinangkula bot repotira,
   mrih rohing piala sirep dayanya.
Refrein: Yekti iblis culika lan julig maeka
         ditegen ndendonga Gusti kang ngreksa.
Share:

KPK 102.


ALLAH ASIH MRING JAGAD

1. De Allah wus asih mring jagad sarta anggennya angasihi
   iku kongsi masrahake ingkang putra ontang-anting
   supaya sakehing jalma kang pracaya Ian ngugemi
   ywa kongsi nemu karusakan nging duwea urip nyata.
Share:

KPK 103.


DHAMPARING SIH RAHMAT

1. Wonten satunggal panggenan nggih margining kasampurnan
   ngriku gesang tansah padhang wit dayaning pati ilang
Reff : yeku dhamparing sih rahmat Sang Kristus murbeng rat
       tyang kang ngayom wit pracaya raharja slaminya.

2. Tyang dosa gung kang mratobat, tan ingukum nging rinuwat,
   kadadosken putreng Allah, margi suci kang den ambah,
Reff : yeku dhamparing sih rahmat Sang Kristus murbeng rat
       tyang kang ngayom wit pracaya raharja slaminya.

3. Prentahnya entheng sekeca, nuntun mring gesang sanyata,
tresna mengsah wah sesami, tinulungan Sang Roh Suci,
Reff : yeku dhamparing sih rahmat Sang Kristus murbeng rat
       tyang kang ngayom wit pracaya raharja slaminya.
Share:

KPK 105.


GESANG TRESNA-TINRESNAN

1. Ing satengahing bebrayan agung mung Pangeran pantes ginunggung
   rahmatnya binabarken sanyata tumrah mring pratitah sadaya
Reff : tumemen ndedonga Ian makarya mrih kebabaring tentrem raharja
       nggih gesang memitran wah pasedherekan wit tyang sadaya tresna tinresnan.

2. Nadyan beda basa seje bangsa, wah beda adat budayanya,
   nging saestu punika sesami, kang kinasihan dening Gusti,
Reff : tumemen ndedonga Ian makarya mrih kebabaring tentrem raharja
       nggih gesang memitran wah pasedherekan wit tyang sadaya tresna tinresnan.

3. Sadaya datan pantes gumunggung, ngongasken dhiri kumalungkung,
   mung gesang kanthi lembah ing manah, ngrumaosi jejering titah,
Reff : tumemen ndedonga Ian makarya mrih kebabaring tentrem raharja
       nggih gesang memitran wah pasedherekan wit tyang sadaya tresna tinresnan.
Share:

KPK 104.


KRAHARJANING TUMITAH

1. Saiba dennya mbingahken yen ing sajagad wrata
   kaadilan kang sanyata sayekti binabarna
Reff : srana sih katresnan tulus, lah jagad dados Pirdus
       sagung tumitah raharja rinoban sih rahmatnya.

2. Saiba denya nengsemken yen manungsa sabumi,
   marsudi tentrem rahajeng numrahken sihing Gusti,
Reff : srana sih katresnan tulus, lah jagad dados Pirdus
       sagung tumitah raharja rinoban sih rahmatnya.

3. Saiba dhahat endahnya pra titah tetunggilan,
   datan wonten cecongkrahan rumaket trusing driya,
Reff : srana sih katresnan tulus, lah jagad dados Pirdus
       sagung tumitah raharja rinoban sih rahmatnya.

4. Mila kula datan wigih gya gumregut makarya,
tumandang sepi ing pamrih mrih rahayuning jalma,
Reff : srana sih katresnan tulus, lah jagad dados Pirdus
       sagung tumitah raharja rinoban sih rahmatnya.
Share:

========******========
* Selamat datang di Blog Restsindo.
** Terima kasih telah berkunjung.
*** Tulis saran dan kritik melalui kolom komentar
========********========

Popular Posts

Info Terbaru

DOWNLOAD KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP

Sesuai dengan janji kami pada postingan sebelumnya, dimana kami akan menyediakan Index Kidung Pujian baik Kidung Jemaat (KJ) maupun Index K...

Follow

FOREX To Day
 
 Update tiap 5 menit    < Restsindo >